RSS

Laire Pandhawa Lan Kurawa

images (15)Pandu  lan bojone kang jumlahe ana loro, urip kanthi cara mertapa ing salah sawijining alas. Pandhu lan bojone mau ora kepengin urip sugih lan entuk kakuasaan, nanging siji sing nganggu pikirane pandu, yaiku yen wong lanang ora duweni keturunan anak lanang pungkasane uripe bakal ana ing neraka. Nanging dheweke duweni perkara karo hasrat seksuale kang dikutuk sepasang Rishi, yaiku dheweke bakal mati yen gauli bojo-bojone. Pandu ngrembug perkara iku marang bojo-bojone lan ngutus bojo-bojone supaya bisa oleh anak saka para Rishi sing urip ana ing alas. Pada karo biyen, Pandu uga lair saka Rishi sing mara marang Ibune, janda raja Wangsa Kuru.

Banjur Kunti, yaiku bojone Pandu nyeritakake kanugrahan kang diwenehi dening Rishi Duyasa sing mara marang kerajaane bapakne. Anugerah kuwi mantera kanggo ngundang para Dewata supaya oleh karunia awujud putra. Banjur Pandu ngutus supaya Kunti ngundang Dewa Dharma. Saka iku banjur lair Yudistira sing duweni kepribadian kang wicaksana.

Sawise setaun, Pandu ngutus Kunti maneh supaya ngundang Dewa Bayu, yaiku dewa sing paling kuat ketimbang dewa-dewa liya. Saka Dewa Bayu lair Bhismasena sing gagah perkasa. Bhismasena duwe kakuwatan kang ngluwihi saka kakuatane dewa Bayu. Taun sabanjure Pandu ngutus Kunti nglairake anak maneh. Kunti banjur ngundang Indradewa, Dewa sing paling termasyhur antara para Dewa. Banjur lair Arjuna sing dilairaken dadi pahlawan sejati uga nyekel teguh ajaran kebeneran.

Pandu isih pengen Kunti ngundang dewa maneh, sanadyan wis diwenehi putra-putra kang sempurna. Nanging mantra kuwi ora oleh di gunakaken luwih saka kaping telu. Amarga iku, Pandu sedih. Banjur Kunti ngajarake mantera kuwi marang Madri, yaiku bojone Pandu kang kapindo. Banjur Madri nglaksanaken niate kuwi, dheweke ngundang Sang Kembar tabib para dewata Ashwin Kumar. Lair anak Madri saka dewa Ashwin yaiku Nakula Sadewa kang duweni kawanian ingkang gedhe  lan kawicaksanaan.

Bareng karo laire Bhismasena, Permaisyuri Gandhari nglairake putera nomor siji yaiku Raja Dhristrata uga nglairake 99 anak lanang lan 1 nglairake anak wadon. Nanging rikala Duryodana lair Raja Dhristrata oleh firasat sing ora apik. Deweke ngrembug bab kuwi karo Widura adine sing lair saka dayang ibune. Widura ngendika yen kelairane Duryodhana ngawali kadadean sing paling ngeri nimpa kaluwargane yaiku ilange dinasti Kuru. Raja Dhristrata ora peduli firasat lan maknane sing dikandakake dening Widura.

Sawise urip cukup lan seneng sasuwene 15 taun luwih, Kunti lan putra-putarne mlaku-mlaku ana ing alas, Pandu lan Madri ditinggal ana ing Ashram. Amarga wis suwi ora nglakoni hubungan, Pandu weruh ayune rupane Madri dheweke lali karo kutukane sepasang Rishi sing dipanah rikala awujud rusa, sadurunge nglakoni hubungan karo bojone, Pandu mati.

Madri sedih banget amarga kadadean iku. Dheweke nyalahake awake dhewe kang ora bisa nahan nafsu suamine supaya ora nglakoni hubungan karo deweke sing ngakibatake Pandu mati. Madri banjur melu bakar awake bareng karo pembakaran layone Pandu. Kunti luwih mikirake nasibe anak-anake lan milih balik ning Hastina kaliyan Para Pandawa.

Dening: Karlina Setiyanti

 

 

Tinggalkan komentar