RSS

Sistem Religi Warga Jepara

Kutha Jepara yaiku salah sawijining kutha kang ana ing tlatah jawa kang ora namung duweni macem-macem ukiran, nanging  uga duweni macem-macem sistem religi. Sistem religi iku tuladhane:

1)      Acara Dekeman Kanggo Mengeti Lailatul Qodar

Kutha Jepara iku pancen kutha kang akih sistem religine. Contone wae ing tanggal 27 wulan pasa, warga desa Jepara mligine warga desa Kancilan kecamatan Kembang kabupaten Jepara pada nganakake acara dekeman kanggo mengeti Lailatul Qodar. Acara iku biasane dianakake ing wektu bengi manggon ing musholla lan Masjide dhewe-dhewe. Dekeme mau ora namung siji nanging bisa luwih saka telu amarga pada dibagi-bagikake para warga desa. Nanging sadurunge para warga wis pada gawa sega lan lawuh saka omahe dhewe-dhewe.

Acara iki diwiwiti kanthi maca Al-Qur’an utawa acara iki jenenge yaiku acara kataman Al-Qur’an. Sawise iku pada tahlil lan donga bareng-bareng. Banjur pada rerebutan dekem. Ana kang pada dipangan bareng-bareng ana ing kana, nanging ana uga kang pada digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

2)      Arak-arakan Ing Wektu Takbiran

Takbiran utawa bengi sadurunge bada Idul Fitri yaiku bengi kang pada dienten-enteni para warga muslim, mligine warga desa Kancilan kecamatan Kembang  kabupaten Jepara. Amarga ing bengi iku ana tradisi arak-arakan takbir keliling karo nampilake macem-macem bentuk kang nyenengake lan gedhe ukurane. Tuladhane bentuk Masjid lan liya-liyane.

Arak-arakan iku mau mangkat saka musholla/Mesjide dhewe-dhewe pinuju lapangan kancilan kang dadi panggonan kanggo kumpule para jamaah. Ing acara arak-arakan iku pada ngumandangake takbir kanthi cara saut-sautan antarane jamaah siji lan sijine. Sawise para jamaah wis pada kumpul kabeh, banjur pada miwiti acara arak-arakan takbir keliling iku ngubengi desa Kancilan. Rata-rata kang melu yaiku bocah cilik-cilik lan para pemuda desa. Bocah-bocah mau uga pada nyumet poyah lan kembang api kanggo meriyahake takbiran keliling iku. Para warga uga pada nonton kanthi remen lan bungah.

3)      Pista Lomban lan Kupat – Lepet

Pista Lomban yaiku acara kang dianakake dening warga Jepara kanggo mengeti dina syawalan. Acara pista lomban iki biasane diiringi karo anane warga kang rame-rame pada gawe kupat lan lepet yen wis meraki tanggal 8 Syawal. Amarga ing tanggal iki pada nglaksanakake bada kang kaping pindho. Kupat lan lepet kang biasane dicampuri karo duduh iwak pitik iku ora namung kanggo dipangan awake dhewe, nanging uga bakal dibagi-bagikake marang tangga-tangga lan sedulurane. Pada ngirim lan pada nampa kupat lan lepet iki artine pada menehi maaf.

Acara kang ana ing pista lomban daerah Jepara iku akih maceme, yaiku diwiwiti saka bengi sedurunge, kang dianakake pagelaran wayang kulit. Sawise iku, dina esuke yaiku tanggal 8 syawal diwiwiti karo acara “Ritual Larung Kepala Kerbau” kang ana ing Pantai Kartini kang ana ing kutha Jepara. Acara iki migunakake kapal Ferry, dadi kabeh rombongan kalebu para pejabat, tamu kang diundang lan kang gawa “sesajen” ndas Kebo pinuju ing tengah segara, sawise tekan tengah segara ndas kebo lan sesajen mau dilarungna lan warga Jepara pada rerebutan apa kang wis dilarungna iku mau nganggo prahu.

Ora namung iku wae acarane, nanging uga isih ana maneh, yaiku sawise acara ndas kebo lan sesajen kang dilarungna mau, acara kang sateruse yaiku arak-arakan gunungan kupat lan lepet. Acarane diwiwiti karo sambutan, pagelaran tari, lan dedonga bareng-bareng. Puncaking acara pista lomban yaiku ana ing tutup gunungan kupat lan lepet iku kang dibukak lan direbutake para warga Jepara.

Nanging ora namung ana ing Pantai Kartini wae acara pista lomban iku dianakake, nanging ing daerah Jepara liyane uga nganakake pista lomban, nanging acarane ora kaya kang ana ing Pantai Kartini mau. Biasane warga pada nampilake pagelaran orkes dangdut.

4)      Manganan lan Sedekah Bumi

Tradisi manganan lan sedekah bumi yaitu salah sawijining tradisi kang isih dijaga lan dilestarikake dening warga padesan, mligine desa Kancilan kecamatan Kembang Kabupaten Jepara, amarga budaya manganan lan sedekah bumi iku kalebu budaya tinggalane nenek moyang. Tradisi iki biasane dinakake ing wulan apit.

Budaya manganan yaiku budaya kang dianakake sadurunge acara sedekah bumi. Tujuane kanggo njaluk keslametan dening Gusti Allah supaya acara sedekah bumi kang bakal dianakake bisa slamet lan lancar acarane. Acara manganan biasane dilaksanakake ana ing pepuden Mbah Mangun Sejati. Ing acara iku pada gawe panganan sega lan lawuh kang diwadahi tekor, biasane saka godhong jati utawa gedhang. Nanging acara manganan biasane diwiwiti nganggo acara pengajian banjur acara tahlil lan donga, sarta acara kang pungkasan yaiku pada rebutan panganan kang wis digawe mau.

Yen acara sedekah bumi yaiku acara kang dianakake kanggo tanda rasa syukur marang Gusti Allah amarga wis menehi rejeki  marang para warga. Sedekah bumi duweni arti yaiku sedekah (amal) saka asiling bumi kang diwujudake nganggo maem-macem panganan cilik-cilik. Acara sedekah bumi iki biasane diwiwiti nganggo pagelarang wayang kanggo hiburan para warga desa. Nanging biasane uga ana acara nyembelih kebo banjur pada dibagi-bagikake para warga desa. Saliyane iku uga ana acara pada rerebutan asiling bumi. Contone yaiku bayem, kacang, tela lan asil bumi liyane.

 Dening: Karlina Setiyanti

 

Tinggalkan komentar