Sakjrone crita wayang ana pasinaon kang isa kajupuk amarga wayang iku perlambange manungsa. Barang-barang kang dinggo pentas wayang nduweni perlambang kaya:
- Wayang pralambange manungsa
- Kelir pralambange langit
- Debog pralambange bumi
- Blencong pralambange srengenge, rembulan, lintang
- Gamelan pralambange kabutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan)
- Kothak pralambange sangkan paran
- Gunungan pralambange urip
- Cempala pralambange jantung
- Kepyak pralambange lakune getih