RSS

PERIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA

14 Jan

Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok lan ajeg panganggone sarta nduweni teges wantah.

Tuladha:

Arebut balung tanpa sungsum = padudon sing disebabake barang sepele.

Kenes ora ethes = wong wadon sing sugih omong/umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.

Yitna yuwana lena kena = sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.

 

Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa.

Tuladha:

Kerot ora duwe untu = darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.

Nabok nyilih tangan = namakake panggawe ala sarana nggunakake tangane wong liya.

Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ing panggonan sing wus tentrem.

 

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.

Tuladha:

Belo melu seton = anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok selehe.

Kemladeyan ngejak sempal = sedulur ngajak marang karusakan.

Tengu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.

 
Tinggalkan komentar

Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 inci Materi SMA

 

Tinggalkan komentar